Rangkuman Tembang Gambuh Pangerten Isi Watak Lan Contoh - Gubuk RPP

Iklan atas

Rangkuman Tembang Gambuh Pangerten Isi Watak Lan Contoh

Tembang Gambuh Pangerten Isi Watak Lan Contoh
Pangerten isi watak contoh lan guru gatra guru wilangan guru lagu ne tembang gambuh. Ayo simak artikele ing ngisor iki.

Tembang Gambuh

Gambuh iku tambuh, mbuh, gambuh, jumbuh lan tembung awanda mbuh. Tegese lanteh. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Anggitane Natapraja, mula bukane lelegon gandawara (raksasa) ing jaman mataram. Digunakake kanggo menehi ilmu kang kukuh bakuh (teges/galak).

Watak Tembang Gambuh

  • Wateke tembang gambuh iku supeketing kakulawargan/akrab, sumadulur
  • Ngandharake tantangan kang kereng
  • Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pinutur, pimulang, kekarepan.

Makna Tembang Gambuh

  • Miturut maknane, tembang gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa pribadi kang sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kebutuhan lair lan batin, kaluwarga lan masyarakat, pribadi lan gusti.
  • Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten.

Contoh Tembang Gambuh

Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadalu warsa kapatuh,
Katutuh pan dadi awon.

Artinya:
Tembang Gambuh yang keempat,
Yang dibicarakan tingkah laku yang melenceng,
Tanpa nasihat akan terlunta-lunta,
Kadaluwarsa menjadi kebiasaan,
Disalahkan sudah mengerti menjadi jelek

Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu Tembang Gambuh

Tembang iki duweni paugeran utawa guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ne kaya neng ngisor iki (sebagai berikut).
  • Guru gatra : 5
  • Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
  • Guru lagu : u, u, i, u, o

0 Response to "Rangkuman Tembang Gambuh Pangerten Isi Watak Lan Contoh"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel